Minggu, 14 Juni 2009

Parikan wong kelangan

(wengi-wengi tak kirim marang dheweke kanthi lantaran pesen cekak jroning sms)

Kembang mlathi dironce-ronce
Kene setengah mati, kono ra piye-piye

Jenang gula jenenge glali
Tetep kelingan ra bisa lali

Pari gogo parine welut
Mati urip kula kepengen tumut

Wewe puteh ra nduwe untu
Sing digondheli kok malah mlayu, po malah turu???

Tembang wengi sekare gambuh
Pancen kowe mung bisa dadi uwuh

Dhuwur-dhuwur uwit klapa
Sing wis di apa-apa njur ditinggal lunga—njur kelara-lara
Lha sing kono—lha kok malah wis mangku randha sanga

Lemah teles, mbok yo pisan-pisan dibales
Lemah abang, apa pancen aku wis dibuang
Lemah kuning ing njero segara
Wengi-wengi cen enake ngridhu lungiting asmara

Lemah ijo ditelesi, ayo gek bali nata ati
Senajan ora bisa lali
Yo dilali-lali, nganti lali, keli neng kali
Wancine wis wengi
Edane gek ndang dilereni