Minggu, 11 Oktober 2009

Sang Bagaskara

SANG BAGASKARA

karipta dening: dipoyono


Sang bagaskara

Yen isuk,

Jumedul ing sisih wetan

Kang nggawa panguripan

Sakabehing janma

Sakabehing tetuwuhan


Sang bagaspati

Kang cumlorot ing saben ari

Kang paring daya mring awak mami

Mahanani bisa nyambut kardi

Ngabdi mring negari


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaspati

Mracenani padhanging ati

Tansah tuhu eling mring gusti


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaskara

Ngobong ati kang leno

Dadya manungsa

Kang tansah laku utama


(kapan bapak bisa nggurit maneh?)

Parikan Saka KKN ing Gedhongan

Parikan Saka KKN ing Gedhongan

Wengi-wengi nonton voli
Penonton padha sesorak rame ning ati kok malah sepi

Uwit jati ditandur cedhak klapa
Yo wis lah ra apa-apa

Awan-awan ngisis ning ngisor wit pete
Kok kanca-kanca wis oleh pasangan dhewe-dhewe

Pete disambel diguwak kulite
Seneng wae smsan karo pemuda kene

Uwit gayam cedhak pari
Si zulham kaya ceblok tresna karo asti

Wedange panas mangar-mangar
Nek dita cedhake karo sing jenenge yanuar

Nonton jathilan karo ngombe kopi
Kayane nisa dadi cocok karo duwi

Ning tegalan nyolong tela
Trus aku karo sapa yo?

Janur kuning mangklung ning kali
luweh wae lah, tinimbang nggerus ati