Minggu, 11 Oktober 2009

Sang Bagaskara

SANG BAGASKARA

karipta dening: dipoyono


Sang bagaskara

Yen isuk,

Jumedul ing sisih wetan

Kang nggawa panguripan

Sakabehing janma

Sakabehing tetuwuhan


Sang bagaspati

Kang cumlorot ing saben ari

Kang paring daya mring awak mami

Mahanani bisa nyambut kardi

Ngabdi mring negari


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaspati

Mracenani padhanging ati

Tansah tuhu eling mring gusti


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaskara

Ngobong ati kang leno

Dadya manungsa

Kang tansah laku utama


(kapan bapak bisa nggurit maneh?)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar