Kamis, 27 Mei 2010

Guneman Suwung

Kagem Bapak sumawana Ibu ingkang gadhah putra kakung
Kula badhe ndherek langkung

Kagem ingkang sami wuyung
Menika namung guneme tiyang suwung

Kula pengen dipek mantu
Si Mbok mestine mboten sarujuk maringi pangestu
Kulo mboten badhe sedya ala
Ugi marakke kuciwa
Namung karep ndherekake manggih mulya

Kagem sedaya marasepuh
Ingkang sampun katulis jroning pupuh

Mbok nggih kula dipek mantu
Mboten badhe nyengsarakne,
Purun nedhi watu, lugu, sregep, tur ayu
Kula saged nyambut damel
Nadyan mung nguleg sambel

Menawi sampun kepanggih,
Mboten badhe pisah
Kajaba segara tawar tanpa asine uyah
Mboten badhe saged uwal
Kula menika balung rusuke ingkang sempal
Bilih sampun kebacut tresna
Urip seneng, lara lan lapa tansah lila

Kadi redi kang subur murakabi
Kula menika mantu kang gemi, titi lan ngati-ati
Menawi sampun kepengin nggendhong putu
Mbok kula dipek mantu

Sakderenge, urip tansah sepi nyenyet
Nandhang tresna ingkang saged gawe greget
Kamajaya ratih menclok jroning ati
Maksih gadhah pengarep enggal kepanggih ingkang kula padosi

Wengi-wengi tansah rerepen
Mugi kepanggih senadyan mung ning impen

Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar