Senin, 30 Mei 2011

Palilah (Geguritan Kagem...)

Manungsa pancen ora bisa ngangsa pesthi, ngaya tekane pesthi
Sing pada nresnani uwis minggat siji mbaka siji
Pamit ora bisa maneh ngenteni
Lunga nggandeng wong kang bisa dijak bebarengan tumekeng pati
Mbabat alas urip bebarayan wiwit saiki

Aku ora bisa nggoceki maneh
Wis ben, ah luweh

Nadyan aku ora bisa njawab pitakonanmu
Mangertia yen sejatine aku isih ndelikake apa kang sanyatane
Salawase aku mung mikir awakku dhewe
Ora nggrahita kaya ngapa laraning atimu,
Nalika aku mung nggoleki sliramu yen lagi kasaput sepi
Banjur lali yen pas nedheng seneng

Pangapuramu kang tansah tak enteni
Palilah iki tampanana
Aku mung bisa ndedonga, uripmu bisa manggih mulya
Donga kang ora bakal kendhat
Rahayu ndonya akherat

Wengi iki lumantar hawa anyeting angin,
Ukara kanthi ukara mbanyu mili
Kaya-kaya sliramu wong kang paling becik sak ndonya,
Wong kang paling tresna lan mangerteni aku
Kaya-kaya aku sing paling tumindak culika gawe rojah rajehing atimu
Nanging ora, dudu kuwi kang terang trawaca saka kandhamu
Aku selak yen kudu dadi wong sing paling disalahake jroning kahanan iki

Ah, mbuh ora weruh
Tak rungokne wae kabeh pangucap kang krasa mung dadi uwuh

Kocapa carita swaramu njelma kaya Rahwana
Ngucap mantra kang aku ora ngerti nganggo basa apa
Dadaku sesek sanalika
Aku kena suwuk
Ong....ora bisa bali ngantuk
tumeka isuk

Mei 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar