Senin, 07 Maret 2011

Gurit Pegat Pedhut

Mbok, sun pamit mangkat menyang
Laku kang mung sakdawane ayang-ayang
Saka bang wetan mara mengulon
Nuruti playune angin sumribit ngidid angganda puspita
Nututi lakune mendung
Kang katon anteng, alon tumuju sun tyas awang uwung

Sakdawaning laku kelepan tangis lakak gumuyu
Sun maksih durung bisa nemu
Pungguh lampus ora teka-teka
Kadya sela growong kabotan mikul ndonya
Waspa gya ketawur muspra

Mbok, sun durung bisa bali
Nuju nggoleki padhanging samar damar wanci dalu
Laku iki bakal bisa ngukur
Sepira jerone sun bisa anresnani pesthi
Sakala byar sumawur anjrah rum wangi melati
Layap luyup nyangga garbaning rasa
Rasa kang ora kuwawa ngrasakne tanda

*beberapa istilah saya pinjam dari lagunya Sujewo Tejo, juga nama teman-teman di facebook yang aneh-aneh itu...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar