Senin, 07 Maret 2011

Pitutur Nglindur

Udan ngreceh. Hawane adem banget. Lampu malah mati. Omah dadi peteng ndhedhet lelimengan. Ublik kelap-kelip katerak angin semribit, atis njekut teka sungsum balung. Kemul dipancal mung bisa nutupi sikil. Cupet ora tekan dada. Si Mbok lan Gendhuke turu ngringkel ana ing galar. Ora ana kasur empuk uga kemul kandel sing bisa menaake anggone turu. Sakdurunge netra liyep ing alam impen, Si Mbok katon ngandhani gendhuke sinambi ngisik-isik anake wadon siji-sijine iku.

“Nduk, ora usah ngresula yen nemu rekasa jroning urip. Uge yen mung turu saknduwure galar atos kaya ngene iki. Wong turu iku pancen kudu ora kepenak. Supaya tetep bisa eling lan waspada. Yen ana rereged sing arep gawe cilaka ora bakal tumeka, yen tumeka ora bakal tumama. Aku percoyo yen uripmu mbesok bakal manggih mulya. Ben si mbok wae sing rekasa, laku pasa senin kemis, selasa setu ora mangan apa wae sing ana getihe. Melek wengi tansah ndedonga. Nyuda mangan lan gulingku, yo mung kanggo kabahagiaane anak-anakku kabeh.”

“Nduk, jroning urip iku kudu nduwe tujuan. Anggone lumaku nggayuh tujuan kudu tansah kenceng gocekan. Aja nganti kagawa deres iline banyu. Aku ngerti kaya ngapa larane atimu nalika ora bisa tumekan tersnamu. Nanging Si Mbok ora kepengen kowe kepleset nyemplung jurang kasusahan. Urip iki mung sedhelo yo, Nduk. Mula aja nganti mung nemu sia. Nganti lali nglumpukne sangu kanggo urip kang luwih dawa.”

“Gek turu yo, Nduk. Kemule kanggo kowe wae. Si Mbok ora papa yen dikroyok lemut nanging aja nganti nyokot sliramu. Mengko mundhak kulitmu dadi abang-abang yen nganti ana lemut lanang sing nyokot. Kene nyedhak Si Mbok. Aku bakal ndongeng critane Kakek Bujel sing nggolek elo. Kaya jaman cilikanmu kae. Tekan saiki Kakek Bujel isih urip lho, Nduk. Nanging beda anggone nduwe laku ing uripe saiki.

Sak ben ndina gaweane Kakek Bujel mung golek elo. Mlaku nganti tinemu wit elo sing paling akeh uwohe. Kakek Bujel banjur mangan uwoh elo sing tinemu iku nganti wareg. Sakwise wareg banjur ngelak lan golek kali. Bedane, Kakek Bujel saiki bingung ora nemu kali. Ora ana meneh kali kumricik bening banyune kang bisa diombe. Bareng mangkono, Kakek Bujel malah ceguken ora bisa mari. Dheweke isih nggoleki banyu kang isa ngilangi ngelak lan anggone ceguken iku.

Kekek bujel banjur kepethuk karo Nini Bujel ing sangisore wit gayam. Nini Bujel lagi leyeh-leyeh sakwise ngasak pari nalika panen ing sawahe Pak Lurah. Kakek Bujel banjur takon ana ing ngendi isa nemokake banyu kang bisa ngilangi ngelak. Ceklak...cekluk...swarane Kakek Bujel sing isih ceguken durung bisa mari. Nini Bujel banjur menehi ngerti. Ing tlatah kono pancen ora ana banyu. Wong ngelak neng kene ora bisa mari nalika ngombe banyu. Yen nekat ngombe, malah saya ngelak. Isa-isa saking ngelake awake nganti garing kaya klaras dipepe.

Saking bingunge, Kakek Bujel banjur takon kepiye wong ing kono isa urip tanpa banyu. Nini Bujel banjur menehi katrangan, “Wong ngelak iku isa mari nalika ngombe tirto wening wohing tengsu.” Kakek Bujel tambah bingung. Ana ngendi anggone bisa nggoleki banyu sing nduwe jeneng aneh iku. Nini Bujel mung bisa ngguyu. Kakek Bujel isih bingung. Tekenen di thuthuk-thuthukake ing lemah sak ngisore. Saking ngelake, Kakek Bujel ora krasa yen lemah sangisore isa ngetokake banyu bening. Ninik Bujel isih nguyu lekek-lekek, malah sansaya banter. “Banyu iku, Kek, saktenane ora perlu mbok goleki nanging wis ana jroning awakmu dhewe,” kandhane Nini Bujel. Kakek Bujel ora bisa ngomong. Ilate krasa kaku. Banjur sak kedhepan, Nini Bujel uwis ngilang ora ngerti neng ndi parane.

“Nduk, crita iki pancen mung karangane Si Mbok. Nanging kowe kudu isa milah milih apa kira-kira ngelmu kang bisa mbok cecep saka dongenge Si Mbok. Crita iki ngemu pangemut. Aku ngerti kowe iki isih mlaku nanging durung jejeg ing ngendi sak tenane paranmu. Yen ana wong ngomong rada aneh sithik wae, kowe njur langsung kapincut. Pikiranmu njur langsung kebak karo apa kang diomongke kuwi, kang uga urung temtu benere. Ngono iku ora kena yo, Nduk. Dadi uwong kudu isa mantheng, kenceng jroning nggayuh apa kang mbok tuju,” kandhane Si Mbok karo thowa-thawe tangane ngusir lemut sing arep nyokot anake.

Si Gendhuk wis ora krungu apa kang diomongke Si Mboke. Dheweke wis kebanjur turu angler. Ora kelingan lor kidul. Ing ngalam impen, Gendhuk ketemu Kakek Bujel sing lagi golek uwoh elo. Si Gendhuk banjur ngemutke Si Kakek Bujel, “Kek, ora usah golek elo maneh yen ora kepengen ngelak lan ketemu Nini Bujel. Golek banyu saiki angel. Mengko yen ngeyel mangan elo kowe bisa ceguken ra mari-mari, lho.” Kakek Bujel manut apa kang diomongne Gendhuk, banjur takok neng ndi dheweke isa nemu uwit mundhu. Gendhuk nduduhake wit mundhu cedhak prapatan desa. Ing kono Nini Bujel wis ngenteni Kakek Bujel. Wong loro banjur mlaku bareng. Gandengan barang. Kakek Bujel wis ora perlu nggawa tongkate meneh. Mlakune bisa jejeg, ora dengklang maneh sakwise nggandheng tangane Nini Bujel. Wong sak kloron banjur mlaku. Ora sida golek uwoh mundhu kang kuning marakne kepengin, nanging sarujuk wong loro bakal nggoleki tirta wening wohing tengsu.

Cuthel.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar