Jumat, 15 April 2011

Gendhinging Bocah Gendheng

wayah wengi greneng-greneng
ana sing ngiket tresna linambaran rasa seneng
budheku bakal mantu
anak wadon siji sing diantu-antu
mbak eviet sing moblong-moblong pindha bendara raden ayu
nanging jik kalah ayu nek dibandingake aku

ah, aku kok durung nemu
apa pancen kesuwen anggone nyaru
ing negara Matsya sak suwining telung windu
nakula ngabekti marang raja Wirata rina klawan wengi
direwangi dadi dharmagranti
ngurusi jaran minangka laku anggenepi kersaning Gusti

ngimpi dilamar satria pandawa kang bagus rupa
jare nakula jebul ketemune menak jingga
kencana wungu banjur mblenjani janji
mung kakang damarwulan sing tak goleki

ngimpiku saknyat pindah panggonan
kacarita nawang wulan ora kepengin bali ing khayangan
nuli wis dicepakake slendhang lan ageman
Jaka Tarub nyedhak karo lelingseman

Nawang wulan banjur kandha,
enggal dipundhut wae, kakang
rasah nganggo sayembara, aku sedya dari manungsa
nglabuhi tresna, urip rekasa
sarana laku ing jroning dharma

halah, padune wis kepengin rabi
sembarang crita dicampur dadi siji
halah, padune wis kepengin dadi manten
sembarang crita njur kalebur ing alam impen

dene saiki aku mung bisa narima ra kakehan nggrahita
tansah percaya suk satriaku mesti bakal teka
satria sing saiki nembe nedheng tapa brata
nggoleki ilmu kang sejati amrih goro-goroning ndoya bisa dileremi
Gusti Pangeran kang luwih mangerteni,
perkaraning urip, rejeki, jodho lan pati
Mugi Gusti paring tentreming ati, ngudi urip mukti pakarti

ana cecak ra nduwe weteng
jare widodari kok jebul sikile rangen
ana cecak kleleken klentheng
mugi tansah remen sedaya ingkang midangetaken

13 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar