Selasa, 12 April 2011

Jula Juli Skripsweet Skripshit

Aku nduwe crita, critane para kadang lan kanca
Iki crita pancen ora dawa
Nanging bisa nggambarake lelakone para mahasiswa
Kang wis pengen lulus lan ngrasaake kahanan liya ndonya

Arep dadi sarjana pancen kudu wani rekasa
Aja gampang parno, teror horor ora gawe apa
Apa sing kadadean ora sah kakehan dirasa
Samubarang kang arep njegal dianggep wae mung lingsa

Skripsi lan revisi gawe ketar ketir ati
Arep ketemu dosen direwangi ra turu sewengi
Akeh sing depresi malah nganti delusi
Ngimpi rupa dosen malih dadi nggegirisi

Hey, Pak Dosen aja seneng gawe larane ati
Mahasiswamu meh mati anggone nggarap skripsi
Mbok yo dipenakne ben ndang lulus ben ndang rabi
Aku mung ngelingake aja nganti kena wales ing tembe mburi

Hey, Pak Dosen aku mung ngandhakake kahanan sing sanyatane
Mula aja nesu, gek dipenke anggone nyambut gawe
Mahasiswamu wis mbayar larang regane
Aja nganti mung proyek wae sing dadi urusane

Yo, mit yo, iki mung lagu jula juli
Ora karep dadi tembang sing bisa nglarani
Cukup semene wae apa kang tak critakne
Pangajab ati para kadang sutresna bakal bisa dadi semendhe


7 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar