Rabu, 13 April 2011

Sawiyah Saktampah

Ing sawijing ndina
Kancaku ngudharake crita
Critane tanggane dhewe
Omahe kelepan lendhut, pinggir kali kae

Jenenge Lik Sawiyah
Nadyan jeneng katon cilik, wonge gedhe sak gajah
Lik Sawiyah ora bisa maneh ndhodhok
Keganjelan pupu gedhene sak tenggok

Kringete Lik Sawiyah mambu banget
Kaya telek pitik anget
Lenga wangi sak gendul ora bisa nyandhak
Bojone dhewe njur males nyedhak

Nasibe Lik Sawiyah
Sak ben ndina mung kipas-kipas klemah-klemah
Nganggo daster amoh amba saktampah
Ungkak ungkik angel olehe arep obah

Mula aja mung weteng sing digawe seneng
Mangan turu enggal sudanen
Jaman cen wis edan ra karuan
Sigra golekana kang bakal digawa sowan Pangeran


Iki crita mung reka-reka
Kajaba sempalan kang ora
Critane Lik Sawiyah kelemon awak
Yen ora pengen maca aja njur diguwak


12 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar