Rabu, 13 April 2011

Thole Durung Wani Bali

Si Mbok ngudang Thole
Suk dadi apa kowe?
Si Mbok mbombong Thole
Suk dadi sarjana ya, Le
Migunani tumrap bangsa lan agamane

Wektu wus keplayu
Thole milih uripe dhewe
Dadi seniman lan pujangga
Urip ing kampuse, jroning gudang sumpek
Sing penting bisa kanggo micek

Thole nggarap proyek seni apa wae
Saka artistik teater, gawe puisi, cerpen,
Ora keri nglumpukake gombalan ukara kanggo para wanodya
Sing penting oleh duwit kanggo mangan
Ora ketang sedina mung pisan

Nganti purnama kang wis ora kaetung iki,
Thole durung wani bali
Nawang eyup edhume Si Mbok kang kaya ratri ing wanci wengi
Thole pancen durung wani bali
Sakdurunge bisa dadi anak lanang kang digegadhang
Thole isih bakal setya dadi seniman lan pujangga
Senajan urip sengsara, nanging bisa kanggo olah rasa
Dadia urip cinandra andha
kanggo oncat mring dhuwur budine manungsa

13 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar