Jumat, 15 April 2011

Wewaler Pasukan Uler

Pasukan uler wis padha teka
Asale saka probolingga
Numpak jaran, sepur, mlayu, mibur tekan Ngayogyakarta
Nganti sumebar sakindhenging nuswantara
Nyerang manungsa kanthi nggawa senjata

Iki wus teka wadyabalane uler
Senjatane wulu kang marai gatel
Apa meneh yen kena wong sing turune ngiler
Uga sing males nyambut gawe isane mung thenger-thenger
Nggateli kabeh sapa wae sing padha urip keblinger

Tumekane pasukan uler
Mratandani alam ndonya wis awit owah
Tatanan ekosistem lan rante panganan wis padha bubrah
Eh, sing jarene wakil rakyat malah arep mbangun gedung mewah
Piye yen pada sidang wae ning tengah sawah
Tinimbang sidang mung dinggo nonton barang sing ra nggenah

Zaman mbiyen Gusti ngirimake manuk ababil kanggo nyerang raja abrohah
Saiki bisa wae ngirimake uler kanggo ngelingake wong kang serakah
Serakah marang alam lan ndonya kan dirusak goro-goro duwit
Moral budi kari dadi barang cilik kang ndelik kecepit

Uler wulu digoreng ing nduwur wajan
Sugih protein nalika wong cilik ra kuat mangan iwak amarga larang
Uler wulu ngemu wewaler, ngandhut pepiling
Manungsa iku kudu siap perang tandhing
Perang klawan nepsune dhewe kang kudu bisa dipithing
Dadi manungsa kudu tansah golek geni dedamaran
Aja mung ngumbar mburu senenging kadonyan


15 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar