Kamis, 07 April 2011

Pupusing Waspa

Kang,
Mangertia yen tresna iki dudu layangan
Ngambara ngambrang-ambrang
Nanging gampang tumangsang ing sakndhuwure wit gedhang
Apa sing tak rasa iki dudu tresna?

Aku babar pisan ora ngira yen bisa uwal saka sliramu
Tanpa japa mantra uga cara kang maneka warna
Tresna papras ora bisa njangkah
Jroning prahu lumampah tanpa welah
Tresna mung sadermo salahing salah
Kleru anggonku lumaku
Mampir marang atimu

Nanging Kang,
Ing madyaning samudra kahuripan
Tetep wewayanganmu sing isih bisa tak sawang
Sliramu tetep pujangga kang bisa nggegurit ing rasa

Dene sembarang kalir kang wus kacarita
Aku uga ora bisa nyalahake sapa-sapa
Ora ngira yen jebule iki dudu tresna sejatine
Mula critaku lan critamu bakal cuthel teka semene

00:54 WIB, 7 April 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar