Kamis, 21 April 2011

Serat Sabda Pralon

Sabda jenengku cilik. Amarga dadi tukang pipa, mula wong-wong dadi ngarani aku Sabda Pralon. Senajan jenengku mirip abdine Raja Majapahit kae, nanging aku blas ra ana gandheng cenenge karo Sabdo Palon lan Naya Genggong. Aku mung Sabda Pralon. Wong cilik sing urip kaya ublik. Mobat-mabit yen kena angin ing pacobaning urip.

Aku mung karan Sabdo Pralon. Omahku cedhak kuburan sisih kulon. Jare Si Mbok, aku mung anak kwalon. Omah mung gedhek, ra kuat mbangun nganggo beton. Wetonku Slasa Kliwon, urip bebrayan kok mung kebak padudon. Bojoku kakehan percaya gugon tuhon. Saben ndina neng pasar tuku empon-empon. Ra ngerti dikapakne jare ben langsing ora kelemon. Wong wis tuwa ora tau ndeleng raine ing kaca ngilon. Wis pating njengkerut isih rumangsa kaya artis sinetron.

Jenengku pancen Sabda Pralon. Tua-tua kok yo isih disenengi banci salon. Ra ana sing ngerti yen aku sikatan mung ing pasaran Pon. Ababku mambu, bojoku nesu. Beras ra nate nyukupi dienggo mangan sesasi. Anane mung sak maron. Yen kepengin mangan kudu gelem paron. Anakku wadon siji jenengen Cemplon. Rung tamat es em a wis wani kelon. Anakku meteng, ndonyaku tambah peteng. Kepeksa tak dadekne manten karo wong lanang liya senajan ora seneng. Si Cemplon saiki dadi cah angon. Karo maratuane di tukokne wedhus sajodho. Anake lan wedhus kabeh diangon, dipakani godhong wangon.

Sabda Pralon pancen dudu sapa-sapa. Nanging uripku isih kepengin bisa miguna. Iline banyu sing tansah tak jaga. Senajan mung dadi tukang pipa. Aku isih bisa ngucap syukur marang Gusti Kang Maha Kuasa. Sabda Pralon jenengku. Aja dienyek aja diguyu. Suk bakal kawiyak sapa sejatine aku. Ning saiki isih kudu laku sengsara, kebak coba, kanggo nebus karma.

Mula rungakna iki sabdaku. Sabdane Sabda Pralon. Sabda kanggo para manungsa sing kelangan gocekan. Ilang ing ndonya kebak angkara murka. Para manungsa enggal golekana. Ing endi bisa kepanggih tapake kuntul mabur lan galihe kangkung.

Aja padha kleru. Aku dudu Sabda Palon. Sing bakal teka nalika Gunung Merapi njebluk kanthi lahar mili ngidul mengulon. Aku dudu Sabda Palon kang bakal nyebarake agama budi ing tanah Jawa. Kang bakal ngowahi tatanan nuju jaman kalasuba. Aku uga dudu Zarathustra sing miyak wadi kemunafikane manungsa. Aku mung Sabda Pralon, tukang pipa kang omahe cedhak kuburan sisih kulon.

Mula enggal rungokno sabdaku. Yen kowe kabeh isih pengin slamet lan nemu kabegjan urip. Iki dudu Sabda Pralon sing omong. Kabeh para manungsa, enggal metua saka senthong. Mlakua tumuju ing karang bolong. Sakdawaning dalan sumebar kembange telon. Bakal ana bom mbledos sak enggon-enggon. Sakwetara tutupen panca driya kanggo ngrasakne tanda. Iki dudu Sabda Pralon sing omong. Hey, para manungsa enggal landhepana rasa. Yen isih kepengin manggih mulya.

Wong mlarat pancen kerep edan. Kaya aku Sabda Pralon. Ngoceh ra karuan juntrunge. Aku ora waton omong nanging omanganku tansah nganggo waton. Omongane Sabda Pralon sing lagi klebon Sabdo Palon. Ora ngerti apa kang wis tak kandhaake. Wong-wong banjur ngarani aku edan. Senajan urung nganti uda neng pinggir dalan, ra kathokan, diuber jaran. Ora ana kang ngerti sejatine apa kang kedadean marang awakku. Sabda Pralon lebur karo Sabda Palon. Ana sing lagi nggoleki raga kanggo maujud ing alam ndonya. Sapa sejatine Sabda Palon. Sapa sejatine Sabda Pralon.

17 April 2011
Karipta Dening Ratna, Eka lan David

Tidak ada komentar:

Posting Komentar