Rabu, 10 Desember 2008

puisine si mbok

TRINIL


Trinil

Uga ing tlatah kutha Ngawi

Pinggir Bengawan Solo

Ing papan kono

Akeh tinemu balung-balung


Apa iya kaya ngono kuwi

Moyange manungsa

Kadya wanara


Trinil

Kang tansah ngawe-awe

Kadya paring cangkriman

Sapa sejatining manugsa

SRIGATI


Srigati

Salah sijine wana

Ing desa Babadan, Kecamatan Paron

Kabupaten Ngawi

Kang tansah asri lan alami

Kang rinegga kricak-kricike iline kali


Srigati

Kang tansah ngemu wewadi

Akeh para sanak kadang

Kang kepengin ngerti

Wiwit kadang desa

Nganti jaban negeri


Srigati

Dudu wana wisata golek senenge ati

Nanging,

Papan minangka sarana tentreme ati

SANG BAGASKARA


Sang bagaskara

Yen isuk,

Jumedul ing sisih wetan

Kang nggawa panguripan

Sakabehing janma

Sakabehing tetuwuhan


Sang bagaspati

Kang cumlorot ing saben ari

Kang paring daya mring awak mami

Mahanani bisa nyambut kardi

Ngabdi mring negari


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaspati

Mracenani padhanging ati

Tansah tuhu eling mring gusti


Dhuh Gusti

Mugi-mugi

Sorote sang bagaskara

Ngobong ati kang leno

Dadya manungsa

Kang tansah laku utama

SENDHANG TAWUN


Beninge tirta bajimu

Kinclong-kinclong

Kadya candra ing wulan purnama

Nanging

Aku dhewe gumun

Sauger ngilo ing beninge tirtamu

Kadya katon topeng mancawarna

Ireng, abang, kuning, lan putih

Apa iya iki?

Kang mbangun?

Apa ngrusak sliramu.

Kang nyata

Aku wis ora krasa tentrem maneh

Yen sambang ing bejimu

Senadyan

Beninge tirtamu

Tansah kinclong-kinclong

Kadya candra ing wulan purnama

BENTENG VAN DEN BOSCH

1839-1845


Dek warsa 1825-1830

Pangeran Diponegoro ngadani perang pupuh

Dudu perang keris, tumbak, panah lan mimis,

Nanging perange jiwa satriya klawan angkara murka

Perange Pangeran Diponegoro gawe giris para Walanda

Giris ora saka tumbak, panah, lan keris

Nanging giris karana jiwa satria kang ora tedhas mimis


Kanthi rekadaya Walanda kasil mikut Pangeran Diponegoro

Nanging jiwa semangate tansah mangalat-alat

Saindhenging Nuswantara


Uga ing tlatah Ngawi wektu semono

Maewu-ewu Pangeran Diponegoro

Natahake jiwa lan raga

Perang ngrangsang dur angkara

Dudu perange tumbak, keris lan mimis


Duk ing nguni

Landa tansah kejoderan

Gubernur Van Den Bosch bingung

Sigra yasa bentenng pendhem

Kanggo ngadepi Diponegoro-Diponegoro

KAGEM IBU


Nalika para aji

Jumeneng ing negari Nuswantara

Nuswantara gemah ripah loh jinawi

Sriwijaya dalah majapahit


Samirana sumilir adem, ayem, cles rumesep jroning kalbu

Angete rempah-rempah

Sumempyok ing negara ngatas angin

Vascodegama

Bartolomeus Dias

Cornelis De Hautman

Ngarkit baita ngarungi samudra


Angete rempah-rempah

Sirna saka pakartine dur angkara

Pribadi para ibu sirana ugi


Kagunan Ibu Kartini

Habis Gelap Terbitlah Terang

Kaum Ibu

Wiwit jumeneng ing pribadine


Ibu

Sampun kawandasa hasta warsa

Nagari kita merdika

Kula tansah angranti

Ibu tetepa pinangka ibu


Awit kula ajrih

Asih jengadhika sirna saking jaman


Awit jaman samangke, jaman edan

Pramila, asih jengandhika

Tetapa sajiwa kula

SUGENG RIYADI


Ing jaman kawuri

Nalika donya iki isih awang uwung

Tumuli manungsa kacipta dening Gusti

“Kun Fayakun”


Tekan titi wanci iki

Manungsa tansah kebak dosa

Pindha candra kasaputing mega

Sabab,

Blencong kang tansah kencar-kencar

Ing sajroning gunung agung, datan tembus

Anartani ing sasolah bawa

Manungsa tansah mamak mumuk

Bener lan cidra bakar kuwur


Namung kanthi siam kang sejati

Manungsa bakal tansah eling lan waspada


Bapak sumawana Ibu

Sugeng riyadi,

Minal aidzin wal faidzin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar